Minggu, 09 September 2012

Serat Wulangreh

Podho gulangeng ing kalbu,ing sasmito amrih lantip,ojo pijer mangan lan nendro,kaprawiran den kaesti,pasusen sariraniro,sudanen dhahar lan guling

dadio lakuneriku,cegah dhahar lawan guling,lan ojo asuko suko,anganggowa sawetawis,olo watake wong suko nyudo prayitnaning batin

yen wis tinitah wong agung,ojo siro nggunggung diri,ojo leket lan wong olo,kang olo lakunireki,nora wurung ngajak ajak,satemah anenulari.

Nadyan asor wijilipun,yen kelakuane becik utowo sugih carito,carito kang dadi misil,iku pantes raketono darapon mundak kang budi

Sumber :  http://shanghyang.blogspot.com/2009/01/serat-wulangreh.html#comment-form

Tidak ada komentar:

Posting Komentar