Selasa, 11 September 2012

Wayah Esuk Pedut Agendanu

Rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi

gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk
wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah
dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene
saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen

Minggu, 09 September 2012

Pujine Wijining Manusa & Pujine Anasiring Manusa


 
1. Wadi iku rupane abang, kadadiyane getih-kita, pujine ” Layakrifu ilallaah “
2. Madi iku rupane kuning, kadadiyane banyu-kita, pujine ” Lamakbuda ilallaah “
3. Mani iku rupane ijo, kadadiyane penguwasa-kita, pujine ” Lamujuda ilallaah “
4. Manikem iku rupane putih, kadadiyane cahya-kita, pujine ” Layatkuru ilallaah “

Sumber : http://kyaimbeling.wordpress.com/pujine-wijining-manusa/

30 Sifat Ing Badane Menungso

Alif     : Grana, Ba : netra, Ta : delujuran tingal loro, Tsa : bau tengen, Jim : bau kiwa, Ha : tangan tengen, Kha : tangan kiwa, Da’ : ugel-ugel tangan karo, Dzal : Kepala rambut, Ra : iga tengen, Zai : iga kiwa, Sin : susu tengen, Syin : susu kiwa, Tsad : bokong tengen, Dlad : bokong kiwa, Tha : ati, Da’ : untu, Ain : pupu tengen, Ghain : pupu kiwa, Fa : wentis tengen, Kaf : wentis kiwa, Kof : kulit, Lam : daging, Mim : utek, Num : cahya, Wau : dalam akan karo, Ha : sumsum, Lam alif : badan manusa, amzah, ngabakake kabeh, ya : cangkem ya manusa
Sayektine sifat 20 jaba jero
Urip jaba kang nguripi jero, pangucap jaba kang pangucap jero, pangambu jaba kang ngambu jero, ngrasa jaba kang rumasa jero, kerasa jaba kang kerasa jero polah jaba, kang molah jero, pangrungu jobo kang ngrungu jero, karsa jaba, kang kersa jero, paningal jaba kang ningali jero, pandulu jaba kang ndulu jero
Dadi sifat 8 dununge tingal Sabar, sareh, jinem, sumeh, eling, eneng, ening, langgeng.
Dadi sifat 4 : Sir, Budi, Cipta, Akal
Dadi sifat 2 : Angen-angen, pangangen-angen
Jakarta, Selasa kliwon, 23 Desember 2008
pukul ; 15.27 – by Satmata

 Sumber : http://kyaimbeling.wordpress.com/sifat-30-ing-badane-manusa/

Pujine Badan

Pujine Utek :  ” Rasulun Rabbil’alamiin “
kuwasane luput tujuh teluh dadi tawar
Pujine Kuping tengen : ” Alliyatan ilahu rabbi ‘umum “
kuwasane ngilangake bilahi kabeh
Pujine Kuping kiwa : ” Samikna wa ‘atakna guprana karabbasa wa’llekal massiir “
kuwasane ngilangake pakewuh kabeh
Pujine Sirah : ” Padaraktum “
kuwasane nglerebaken kang sarwa galak kabeh
Pujine netra : ” Kudusun rabbana wa rabbul malaikatu wa ruh “
kuwasane kinaweden dening wong lanang wadon

Serat Agutara Nikaya

Piwulang nem prakawis kasebut ing Serat Agutara Nikaya punika nyimpen wewados ingkang kadhapur kalimpadaning basa ingkang pikajenganipun asung piwulang dhateng kita, yen sadaya pandamel punika sayogi katindhakna kanthi papadhanging angen-angen. Menggah piwulang kalawau badhe kawedharaken kados ing ngandhap punika:

Ilmu Joyo Bromo

Ingsun amatek ajiku joyo bromo,kadadeyanmu kawah abang,kuthone tembogo,bolo pitung ewe podho reksanen aku,teguh rahayu,atutup nabi akancing Alloh,pandito joyo wali songo,iku jenenging urip kang mengku jenenge liyan,tak obah kabeh,dayaqouwati andairi asri mulii,
TIRAKAT:
Puasa mutih 7 hari 7 malam
Pati geni 1 hari 1 malam,buka diwajibkan makan nasi goreng+lauk yang serba digoreng,pada saat puasa mantera dirapal 133x
KEGUNAAN:
Anti api,kewibawaan

Serat Wulangreh

Podho gulangeng ing kalbu,ing sasmito amrih lantip,ojo pijer mangan lan nendro,kaprawiran den kaesti,pasusen sariraniro,sudanen dhahar lan guling

dadio lakuneriku,cegah dhahar lawan guling,lan ojo asuko suko,anganggowa sawetawis,olo watake wong suko nyudo prayitnaning batin

yen wis tinitah wong agung,ojo siro nggunggung diri,ojo leket lan wong olo,kang olo lakunireki,nora wurung ngajak ajak,satemah anenulari.

Nadyan asor wijilipun,yen kelakuane becik utowo sugih carito,carito kang dadi misil,iku pantes raketono darapon mundak kang budi

Sumber :  http://shanghyang.blogspot.com/2009/01/serat-wulangreh.html#comment-form