Selasa, 24 Juli 2012

Kidung Rumekso ing Wengi

Kidung Rumekso Ing Wengi

Ono kidung rumekso ing wengi,teguh hayu luputo ing loro,luputo bilahi kabeh,jim setan datan purun,paneluhan tan ono wani,miwah penggawe olo,gunaning wong luput,geni atemahan tirto,maling adoh tan ono ngarah mring mami,guno duduk pan sirno,sakehing loro samiyo bali,sakehing ngomo samiyo mirundo,welas asih pandulune,sakehing brojo luput,kadi kapuk tinibaning wesi,sakehing wiso towo,sato galak tutut,kayu aeng lemah sangar,songing landhak guwaning wong lemah miring,myang pakupoking merak,pangupaking warak sakalir,nadyan arco myang sagoro asat,temahan rahayu kabeh,apan sariro ayu,ingideran kang widodari,rinekso moloekat lan sagung poro rasul,pinayungan ing Hyang Suksmo,ati Adam,uteku bagindo Esis,pangucapku yo Musa,napasku nabi Ngisa linuwih,Yakub pamiyarsaning wang,Dawud swarku mangke,Nabi Ibrohim nyawaku,Nabi Soleman kasekten mami,Nabi Yusup rupeng wang,Edris ing rambutku,bagindo Ngali kuliting wang,Abu Bakar getih,daging Ngumar singgih,balung bagindo Ngusman,Sumsumingsun Fatimah linuwih,Siti Aminah bayuning anggo,Ayub ing ususku mangke,Nabi Nuh ing jejantung,Nabi Yunus ing otot mami,netroku yo Muhammad,panduluku Rosul,pinayungan Adam Kowo,sampun pepak sakatahe poro nabi,dadiyo sariro tunggal.

ono kidung = ada do'a (aku berdo'a)
rumekso ing wengi = (untuk) menjaga malam (ini)
luputo bilahi kabeh = (agar)terhindar dari semua mara bahaya
jim setan datan purun = Jin dan Setan (makhluk2 halus) tidak mengganggu
paneluhan tan ono wani = santet dsn tidak berani (mendekat)
miwah penggawe olo = (dan) semua niat buruk
gunaning wong luput = kerjaan orang2 jahat
geni atemahan tirto = (padam seperti) api disiram air
maling adoh tan ono ngarah mring mami = pencuri menjauh dari diriku
guno duduk pan sirno = (semua) kejahatan lenyap

aku seneng banged sama kidung ini jadi aku posting di sini..
itung-itung nguri-uri budoyo jowo
SenjaTitisMabella KKPSS

Tidak ada komentar:

Posting Komentar